Senin, 26 Agustus 2013

Pidato Panampi Penganten [Bahasa Jawa]

Bahasa jawa adalah bahasa yang susah-susah gampang untuk dipahami. Apalagi kalau ada tugas dari sekolah untuk membuat suatu hal yang berbau tentang bahasa jawa pasti sulit kan ya. :))
Contoh saja ada tugas sekolah untuk membuat Pidato dengan bahasa jawa, waah bakalan pusing kan jadinya.
Tapi tunggu dulu..berhubung saat saya masih sekolah dulu ada tugas membuat pidato bahasa jawa juga, jadi khusus untuk kawan OK akan saya share untuk kawan semua. :)




Assalamu’alaikum Warahmatullah Wabarakatuh
Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, ibu-ibu para tamu kakung sumawana putri, kadang muda-mudi ingkang satuhu kula tresnani, maliginipun Bapak Sukimin sakulawarga mangka duta saraya saking kadang besan sutresna, ingkang dahat sinudarsana. Mangga kita tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Alloh SWT, amargi saking nikmat, taufik, hidayah, inayah, sarta ridhoning Gusti Alloh SWT ingkang sampun rumentah dhumateng kita sedaya, satema kita sedaya saged rawuh ing ngriki kanthi wilujeng nir ing sambekala. Mugi salam sholawatipun Gusti Alloh SWT tansah tetep konjuk ing ngarsanipun junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah kita ajeng-ajeng syafangatipun benjing ing yaumul kiyamah. Saklajengipun, saking atur pasrah penganten kakung, inggih menika Arya Sukma, saking panjenenganipun Bapak Sukimin, ing ngriki minangka sulih kulawarga Bapak Suratman sekaliyan, kula kadhawuhan nampi pasrahing penganten kakung menika. Pramila, keparenga amratelakaken bilih anggen panjenengan masrahaken panganten kakung kula tampi kanthi asta kalih lan kanthi suka renaning penggalih. Mugi-mugi kanthi menika, berkah nugrahaning Gusti Alloh SWT tansah rumentah dhumateng panganten sekaliyan lan sumrabat dhumateng kulawarga kita sedaya. Salajengipun panganten kakung badhe sarimbit kaliyan panganten putrinipun Sundari Ayu dumungkup upacara candhakipun. Menika ingkang saged kula matur, mbok bilih anggen kula ngaturaken panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani anggen kula matur. Mugiya sedaya para rawuh ngluberaken sih agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Sekian dan terimakasih. Ditunggu kunjungan berikutnya ya kawan.

6 komentar:

  1. Mbok bilih dipun gantos anglenggono

    BalasHapus
  2. Kita...itu kan bahasa indonesia...

    BalasHapus
    Balasan
    1. Mindi roy, diatas kan dikatakan menerima penganten utk dinikahkan. Adat budaya jawa maka memakai bhsjawa.

      Hapus
  3. Ijin belajar.....


    Matur sembah nuwun...

    BalasHapus
  4. Bahasa Indonesia maupun pripun nggeg

    BalasHapus